1
uler ugat uget kaliren,
nggendong nyawa ron dhadhap,
karepe mungkat olehe sambat,
mung adem unine kumlebat,
... pasuryan kemelip ngundhuh janaka,
wiguna endahing sasepadha,
niba tangi murih setya,
kabeler welat mati aji
nggendong nyawa ron dhadhap,
karepe mungkat olehe sambat,
mung adem unine kumlebat,
... pasuryan kemelip ngundhuh janaka,
wiguna endahing sasepadha,
niba tangi murih setya,
kabeler welat mati aji
2
Aku wus kelangan cahyaMu
Dak uyak pepadhang kang tansaya surup
Nunggu karep supaya pepadhang mau bisa njedhul maneh
Nanging pepadhang mau wus sirna
Aku getun nangapa gek mbiyen ora tak selakna
Ngudi pekerti lan ngibadhah tekun
Dhuh Gusti paringana pangapuraMu
Apa isih ana wektu kang luang kanggo
wong kang ina iki oleh hidayahMu
Dhuh Gusti panjenengan ingkang Maha Agung
Kuwatna atiku iki
Supaya tambah sujud marang panjenengan
Dak uyak pepadhang kang tansaya surup
Nunggu karep supaya pepadhang mau bisa njedhul maneh
Nanging pepadhang mau wus sirna
Aku getun nangapa gek mbiyen ora tak selakna
Ngudi pekerti lan ngibadhah tekun
Dhuh Gusti paringana pangapuraMu
Apa isih ana wektu kang luang kanggo
wong kang ina iki oleh hidayahMu
Dhuh Gusti panjenengan ingkang Maha Agung
Kuwatna atiku iki
Supaya tambah sujud marang panjenengan
3
banyu mili klawan deres
,nresep ing selane watu kali,
lakune jejeg tanpa mandhek,
bisa gawe bebendu landhep,
banyu mili gawe cagak urip,
iwak-iwak cilik padha bungah ngancani,
katur gawe mujudake pangan,
murih nentremke liyan.
,nresep ing selane watu kali,
lakune jejeg tanpa mandhek,
bisa gawe bebendu landhep,
banyu mili gawe cagak urip,
iwak-iwak cilik padha bungah ngancani,
katur gawe mujudake pangan,
murih nentremke liyan.
4
saklerapan aku rumangsa,
atiku arupa mawa,
tan arupa tatakrama,
awujud rahwana,
menawa atimu sutra,
sutra apekik kamaratih,
gawe padhanging mata,
atiku arupa mawa,
tan arupa tatakrama,
awujud rahwana,
menawa atimu sutra,
sutra apekik kamaratih,
gawe padhanging mata,
5.
angin kang mabur kekiteran ing
dhuwur samodra
sasat tanpa leren ngobahake banyu
iwak gedhe iwak cilik padha gumregah
jumedhul sakdhuwure ombak
ilang swara mlebu ing akasa
prau-prau lelangen ngoyak playune angen-angen
kanthi jala lan jaring saka sutra
obor thathit lan lintang
sambung sinambung ing wewangunan jagad
tepake isih katon cetha ing garis tangan
prasetya lan prasapa ngumbara
dadi omah urang lan kewan segara liyane
lumaku manut ilining pasir
molah malih njupuk warna cahyaning jaman
wit-witan gedhe ngadeg pating jenggeleg tanpa oyot
angin lagi thawaf
ngubengi kedhaton napas
sasat tanpa leren ngobahake banyu
iwak gedhe iwak cilik padha gumregah
jumedhul sakdhuwure ombak
ilang swara mlebu ing akasa
prau-prau lelangen ngoyak playune angen-angen
kanthi jala lan jaring saka sutra
obor thathit lan lintang
sambung sinambung ing wewangunan jagad
tepake isih katon cetha ing garis tangan
prasetya lan prasapa ngumbara
dadi omah urang lan kewan segara liyane
lumaku manut ilining pasir
molah malih njupuk warna cahyaning jaman
wit-witan gedhe ngadeg pating jenggeleg tanpa oyot
angin lagi thawaf
ngubengi kedhaton napas
6.
pait rasaning atiku
sinawang lintang sajroning ati
ngelus-elus saben wektu
gawe raganing lugu
wengi saya njekut ngancani
emut marang endahing lathi
setyaning janji siji
murih thukuling wiji
sinawang lintang sajroning ati
ngelus-elus saben wektu
gawe raganing lugu
wengi saya njekut ngancani
emut marang endahing lathi
setyaning janji siji
murih thukuling wiji
7.
ana endi endahe wulan
kang wektu semana dak sawang
genea kudu mbok oncati
awakmu lali marang janji
saiki aja tansah ngumbar guyu
ana sadhuwure tangisku
aku angkluh kebak luh
ati iki nglangut
nyawang sliramu kang lagi kalimput.
kang wektu semana dak sawang
genea kudu mbok oncati
awakmu lali marang janji
saiki aja tansah ngumbar guyu
ana sadhuwure tangisku
aku angkluh kebak luh
ati iki nglangut
nyawang sliramu kang lagi kalimput.
8.
PANEMBAHAN
duh panembahan sing landhep
mugi bisa ngadep ngarep
kaya bayu kang jejeg
tan dadi lakuning liyan
duh panembahan sih satria
mlakua ing ambarukma
amebyar sinar aran datapati
ing tlatah rina mulya
galih tan piwulang tatakrama
ajrih ing petaka
kaserat marang warapsara
rumangsa kasebut mustaka
duh panembahan sing landhep
mugi bisa ngadep ngarep
kaya bayu kang jejeg
tan dadi lakuning liyan
duh panembahan sih satria
mlakua ing ambarukma
amebyar sinar aran datapati
ing tlatah rina mulya
galih tan piwulang tatakrama
ajrih ing petaka
kaserat marang warapsara
rumangsa kasebut mustaka
9. SEPI
Daksabrangi kalen buri omah
santer nggerus lemah abang
Dadi werna coklat lan rupa krikil
Gumlundhung dadi watu
Dadi alas kang nyethak
Dadi gunung kang agung
Dadi pangamuke segara raya
Wiwit iku
Wengiku saya sepi
Kiwa tengen saya peteng
Dadi kali kang kejem
Daksabrangi kalen buri omah
santer nggerus lemah abang
Dadi werna coklat lan rupa krikil
Gumlundhung dadi watu
Dadi alas kang nyethak
Dadi gunung kang agung
Dadi pangamuke segara raya
Wiwit iku
Wengiku saya sepi
Kiwa tengen saya peteng
Dadi kali kang kejem
10.
APA SALAHKU
wiwit ngareping tresna
aku kudu nrima
saben dak sapa
sliramu ngumbar kuasa
saben aku mikir
ati iki saya majir
lakumu pancen manis
nanging gawe ati kairis
ragaku tansah nangis
amarga sliramu nggiris
wiwit ngareping tresna
aku kudu nrima
saben dak sapa
sliramu ngumbar kuasa
saben aku mikir
ati iki saya majir
lakumu pancen manis
nanging gawe ati kairis
ragaku tansah nangis
amarga sliramu nggiris
Cekap
rumiyin,, ngenjang kula serat malih... assalamualaikum.. :D